Miturut
cerita seko jawa timur,ana pemuda kang bagus lan aran Jaka tarub.Pemuda iku
anake lanang mbarep mbog rondho.Jaka tarub duwe bojo widodari kang aran nawang
wulan sing ayu tenan.Ana ing kahyangan para widodari cacah 10 pada rembugan
arep adus amarga arep pada lunga menyang adicara ing kahyangan.Ing dalan para
widodari kui pada geguyonan.Tekane ing pesanggrahan jebul banyune ora mili.
Adegan 1 pesanggrahan
Nawang wulan :”Mbak ayo cepet,selak
kesoren.”
Nawang ayu :”Iya dik sabar.”
Nawang arum :”wulan ki nggegeri
wae lho.”
Nawang kunthi :”eh wis do nggowo
sabun drung ki.”
Nawang manis :”Jajal tak tilik.i
disik
Waduh aku ora gowo jal.”
Nawang sekar :”Piye to sampeyan ki
sembrono jal.”
Nawang wuyung :”Opo sampeyan ki
nggowo?”
Nawang sekar :”Yo cetho
lho.....ora.”
Nawang yayi :”Huuu podo wae.”
Nawang wulan :”Njur sampeyan ki
arep sibin tok po?”
Nawang
agni :”Sik ya miturut teori kewidadarian,widodari
ora wangi kuwi.......
Yo ora popo ding
Nawang
wuyung :”meh omong opo to?”
Nawang
yayi :”Wis lah ayo lek luzz .Selak
ijo mas.”
Nawang
turi :”Mbakyu manis sabune piye?Aja
njaluk sabunku lho.”
Nawang
manis :”yo mugakno aku batiri tuku
sabun anggere.”
Nawang
turi :”Yo wis yo,mesakke.Wan
sampeyan ki ngrepoti aku wae kok”
Tekane ing pesanggrahan........
Nawang
kunthi :”Bariki adus,dandan moblong
moblong,bengesan sing kandel.Sopo ngerti
Ketemu anoman versi ganteng
Nawang
turi :”Ke mendhem ke”
Nawang
wulan :” Ra ana liyane po nganti anoman
dibribik.”
Nawang
yayi :”Hayo wi,tak kei chanel po?”
Nawang
wuyung :”Ha nek mbahne anoman pod wae to.”
Nawang
kunthi :”Update ah....(karo nguripke HP)
Nawang
ayu :”pesbukan wae..”
Nawang
wulan :”Alah mbog dinengke.”
Nawang kunthi : (karo ngetik)”Byur byur adus,gosok gosok
adus,bersama Kangsarjolangu di
pesanggrahan kahyangan,bagikan”
Nawang
arum :”opo wi kangsarjolangu barang.”
Nawang sekar :”eh sampeyan meh adus karo kang sarjo sing
ambune langu sing omah wetan kali kae?”
Nawang
kunthi :”Ngawur,artine ki kuning abang
salem biru ijo nila ungu.”
Nawang
wuyung :”Lha slendangku kok durung
disebut.”
Nawang
kunthi :”Oh iyo lali,halah rapopo lah.”
Nawang
ayu :”Umis wae banyune ra mili ki
lho.”
Nawang
kunthi :”Weeee tenane mbakyu.Wah rasido
wangi ki.”
Nawang
turi :”wah njur piye iki banyune
asat tenan.”
Nawang
yayi :”Mbog sampeyan BBM Dewa
tirto.”
Nawang
kunthi :”Yo wislah ra usah adus go
rexona wae.”
Rada sauntoro dewa tirto lan para
pengawale cacah 4 rawuh kanggo mbenerke ledenge kahyangan.
dewa tirto :”Iki podo ngopo kok kumpul kumpul ngarep pesanggrahan?”
dewa tirto :”Iki podo ngopo kok kumpul kumpul ngarep pesanggrahan?”
Nawang wulan :”duh dewa tirto kula kaliyan sadulur
sadulur badhe adus anangin toyanipun mboten mili,kedah pripun?”
Nawang yayi :”to dewa tirto marai mboten sios
adus.Mbog niku pengawalipun dikenken mbenereke ledeng.Pengawal kok ora peka.”
Dewa tirto :”Sabar to para widodari aku rene
pancen tujuane arep ndandani ledeng.”
Pengawal
1 :”kula tueni riyen nggih dewa.”
Dewa
tirto :”Yo kono ndang didandani.”
Pengawal
2 :”nggih siap,apa to sik ora
kanggo para widodariku iki.”
Pengawal
3 :”koyone pipane kesumpelan ki.”
Pengawal
4 :”yo kowe ki ngalih yo sing
nyumpeli ki awakmu kui.”
Dewa
tirto :”heh....ora do rusuh to
lek ndang didandani jejerku selak mambu iki.”
Nawang kunti :”ahh dewa tirto kiii.”
Nawang kunti :”ahh dewa tirto kiii.”
Pengawal
1 :”nyuwun ngapunten dewa,niki
mboten saget didandani dinten menika.”
Pengawal
2 :”poro widodari mboten saget
siram wonten mriki.”
Pengawal
3 :”nggih leres,kula aturi pados
pesanggrahan liane.”
Pengawal
4 :”lak ra ono wong do mati kabeh
ledenge.”
Widodari :”ahhhhhhhh.”
Dewa tirto :”wis ra usah khawatir, para
widodariku kowe kabeh adus menyang bumi wae.”
Para widodari banjur siap siap menyang bumi sarana pelangi.Ing bumi ana
pawongan loro kakang adhi kang lagi mancing ing kali.Para widodari adus ing
kali iku anangin keletan wit witan.”
Adegan 2 kali
Jaka
tarif :”Mas iwake do nandi to iki
kok ra nyaut.”
Jaka
tarub :”Yo paling gek do sinau to
wong arep ujian.”
Jaka
tarif :”Mosok to mas.”
Jaka
tarub :”ealahh.”
Jaka tarif :”karepmu mas.Eh mas kae ana pelangi
mas gek gek arep ana widodari kang ayu ayu mudhun ing bumi.”
Jaka
tarub :”halah pikirane ki lho aneh
aneh wae.”
Jaka
tarif :”nek pancen ho.o arep
kepiye hayo.”
Jaka
tarub :”yo tak ajak nikah .”
Jaka
tarif :”alah gayamu koyo bagus
baguse wae mas.Po yo widodarine gelem?”
Jaka
tarub :”wah aja nyepelekake aku
we.Syahrini kae mantanku lho.”
Ujug ujug ana suara gembludak koyo ana
sing tibo.Jaka tarub lan jaka tarif banjur gage nggoleki.
Jaka
tarif :”eh mas opo kae?krungu
ra?”
Jaka
tarub :”Paling ya kambil do tibo.”
Jaka
tarif :”mosok kambil bola bali le
tibo.”
Jaka
tarub :”yo nek kambile okeh barang
sing tibo.”
Jaka
tarif :”njur tibo berjamaah
ngno?”
Jaka
tarub :”karepmu le arep ngarani”
Jaka
tarif :”tapi kok koyo ana suara
wong mlaku mas.Mosok kambil due sikil.”
Jaka
tarub :”yo kan 2015 to.”
Jaka
tarif :”emange nek 2015 kabeh
njur due sikil po?”
Jaka
tarub :”yo due wong mau bengi tak
pasangi sikil.”
Jaka tarif :”eh mas jajal meneng sik.Rungokno
mas,koyo ono suara wong wadon pada geguyonan to”
Jaka
tarub :”umis to koe tiliki kono
ah.”
Jaka
tarif :”mosok aku dewe yo wedi to.Ayo
batiri.”
Jaka
tarub :”eh ho.o ki ono wong podo
cekikikan.YO tiliki sedelo”
Pawongan loro kui pada menyat
niliki apa to sejatine suara iku.Wong loro pada kaget amarga kang ana ing kali
para widodari kang lagi adus.Jaka tarub kepengin salah sijine widodari mau dadi
bojone anangin sakdurunge ngajak kenalan jaka tarif ngajak bali amarga
wedi.Sakdurunge menyat bali Jaka Tarub njupuk salah sawijinign slendang kang
ana ing ngarepe sing warnane ijo duweke nawang wulang.
Adegan 3 kali
Nawang
ayu :”wah jebule banyu ing bumi iki
seger yo.”
Nawang
wulan :”iya mbakyu,banyune ya resik.”
Nawang
arum :”eh sedurunge bali menyang
kahyangan jajal mlaku mlaku disik yo.”
Nawang
sekar :”iyo mbakyu aku kepengin ndelok
kahanan ing bumi langsung.”
Nawang
kunthi :”hayo sopo ngerti ketemu satrio
kang bagus.”
Nawang turi :”setuju mesti satrio ing kene bening
bening,apik kanggo kesehatan mata.”
Nawang
yayi :”bening bening sebening banyu
kali iki.”
Nawang
wuyung :”banyu kali mandeke ing segoro.”(karo
nyanyi)
Nawang
manis :”sttt ampun sengko sengko.Mengko
nik ana sing krungu pie jal”
Nawang
turi :”hayo manis ki sok koyo
suarane apik wae.”
Nawang wulan :”dewe ora iso mlaku mlaku mbak,amarga yen
pelangine iki wus ilang mengko dewe ora iso bali menyang kahyangan.”
Nawang ayu :”selain kui dewe yo kudu ngati ati karo
wong bumi iki.”
Nawang
agni :”iyo bener,wis ayo cepet cepet
ndang go klambi ndag mengko kesoren.”
Para widodari ora ngerti yen slendange
nawang wulang dicolong.
Nawang
wulang :”mbakyu ana sing ngerti
slendangku ora?”
Nawang
sekar :”mau kok delehke ngendi”
Nawang
turi :”iya jajal dieling eling
disik.”
Nawang
wulan :”mau ning kene mbakyu,tapi kok
ora ana.”
Nawang
arum :”aduh aja aja ilang.”
Nawang
kunthi :”apa??ilang??
Nawang
yayi :”jajal goleki sing tenanan”
Nawang
wuyung :”iya paling keno angin kabur.”
Nawang agni :”yen slendange nawang wulan ora ketemu
mengko nawang wulan ora bisa bali menyang kahyangan.”
Nawang
wulan :”aduh mbakyu kepiye iki aku wedi
tenan.”
Nawang
ayu :”uwis ojo do geger mendingan
ayo goleki bareng bareng.”
Nawang
manis :”iyo bener wektune wong mepet.”
Nawang
kunthi :”siap.”
Nawang
agni :”waduh pelangine arep ilang.”
Nawang
arum :”piye sedulur dewe mosok arep
ninggalke nawang wulan ing kene.”
Nawang
ayu :”tapi nek dewe ora lungo
mengko dewe ora bisa bali.”
Nawang sekar :”ya wis mending dewe munggah mengko ing
kahyangan njaluk tulung dewa tirto lan dewa surya.”
Nawang
wulan :”duh mbakyu aja tinggalke aku.”(nangis)
Nawang
ayu :”dingapuro adiku aku lan para
sadulur kudu lunga saiki.”
Nawang
wulan :”mbakyu...mbakyu aku ojo
ditinggal dewe”
Para widodari ora iso nemokake slendang
duweke nawang wulan.Banjur widodaro cacah 9 kui pada bali menyang kahyangan.Nawang
wulan kudu goleki slendange nganti ketemu banjur iso bali menyang kahyangan.Ing
kahyangan para widodari pada wadul marang dewa nyuwun bantuan.
Adegan 4 kahyangan
Widodari :”dewa tirto dewa surya (bareng
bareng regudukan)
Dewa
surya :”ana apa kok pada regudukan
ngene.”
Dewa
tirto :”piye olehe ning bumi,ora
ana masalah tha?”
Dewa
surya :”ning bumi?ngopo?wah critani
marai kepo”
Nawang
turi :”duh dewa babagan menika
mboten penting sakniki.”
Dewa
surya :”lha njur apa sing penting.”
Nawang
kunthi :”gawat dewa gawat temenan.”
Nawang
arum :”duh dewa kula kaliyan sadulur
nyuwun pitulunganipun dewa kekalih.”
Dewa
tirto :”lha ana apa to iki
sejatine.”
Nawang
wuyung :”nawang wulan dewa.”
Nawang
sekar :”nggih dewa niki kepripun.”
Dewa
surya :”sek tha aja do kemrungsung
jajal jelaske alon alon.”
Dewa
tirto :’iyo bener ana apa,nawang
wulan nopo.”
Dewa
surya :”jajal nawang ayu critakno
karo aku kok nawang wulan ora ana ing kene.”
Nawang
ayu :”kula kaliyan sadulur sedaya
ninggalaken nawang wulan ing bumi dewa.”
Dewa
tirto :”lha kepiye critane kok
iso ditinggal barang.”
Nawang
yayi :”wau niku wonten kekadean kang
mboten dipun arepake dewa.”
Nawang
kunthi :”slendang dewa...slendangipun
nawang wulan ical..”
Dewa :”apa???
Nawang manis :”dingapunten dewa kula kaliyan sadulur
mboten gadah pilihan malih banjur wangsul menyang kahyangan.”
Dewa
surya :”iki ora podo geguyonan to
karo aku gekan.”
Nawang
agni :”mboten dewa niki leres.”
Dewa
tirto :”uwis digoleki durung.”
Nawang
wuyung :”sampun dewa namung mboten
ketemu.”
Dewa surya :”tindakanmu ora salah,yen kowe kabeh
ora bali menyang kahyangan mengko malah dadi tambah parah.”
Nawang
wuyung :”anangin kepripun nasibipun nawang
wulan dewa.”
Dewa tirto :”nawang wulan ora iso bali yen
slendange durung ketemu.Nawang wulan kudu golekki slendange disik nganti
ketemu.
Dewa
surya :”kowe kabeh kudu sabar
ngenteni nawang wulan.”
Widodari :(nangis)
Para widodari ora iso nulungi nawang wulan kejaba nawang wulan dewe kang
goleki slendange ing bumi nganti ketemu kareben iso bali menyang kahyangan.Ing
bumi nawang lagi bingung keliling kampung nakoni wong wong kang ngerti babagan
slendang ijo duweke de.e. Nawang wulan banjur ketemu jaka tarub.
Adegan 5 bumi
Nawang wulan :”aku
wis mubeng mubeng anangin slendangku durung ketemu,yen ngene iki aku ora
bisa bali menyang kahyangan maneh.Menawa aku ning kene ora oleh ana wong kang ngerti
sejatine asal usulku,iku bisa mbebayani awakku dewe.Wah kae ana uwong jajal aku
tak takon.Nyuwun sewu pak”
Penduduk 1 :”nggih monggo cah ayu.”
Nawang wulan :”kula badhe ngrepoti sekedik.”
Penduduk 2 :”ana apa cah?”
Nawang wulan :”menapa bapak bapak niki semerep slendang
warni ijem nggih?”
Penduduk 1 :”wah hayo koyo ngopo cah,slendang ijo
ki okeh.”
Penduduk 2 :”aku ning omah yo due slendang ijo gon
bojoku.”
Penduduk 1 :”sing kok maksud ki sing koyo ngopo?”
Nawang wulan :”slendang ijo kang pinggiranipun wonten
rajutan saking emas.”
Penduduk 1 :”hahahah aneh aneh wae koe ki nduk.”
Nawang wulan :”slendang niku bener bener penting.Bapak
semerep mboten.”
Penduduk 2 :”wah aku ora weruh.”
Penduduk 1 :”tuku meneh wae ndug nek pancen
penting.”
Penduduk 2 :”po tak ijoli gon bojoku po?ono ke nek
werno ijo.”
Nawang wulan :”matur nuwun pak,slendang niku mboten
wonten ingkang sade lan mboten saget dipun ijoli.”
Penduduk 2 :”owalah ha aku ki ora ngerti.”
Penduduk 1 :”awakmu ki aku kok ra tau weruh
to,teko teko takon slendang.Seko ngendi asalmu ndug.”
Nawang wulan :”saking kali.Nggih pun matur nuwun,Pak”
Penduduk 2 :”lah ke gek gek malah sing nunggu kali
kono kae.”
Penduduk 1 :”kakean nonton horor we.Yo bali aku
wis kesel.”
Nawang wulan banjur mlaku meneh nerusake
goleki slendange.Saben wong ditakoni yen menowo ana sing weruh slendange kui.
Nawang wulan :”bu kula badhe tangklet sekedik.”
Penduduk 3 :”napa nduk cah ayu”
Nawang wulan :”slendang warni ijem kula ical,mbok menawi
ibu semerep.”
Penduduk 4 :”waduh aku ora ngerti slendang ijo kui
sing kok maksud.”
Penduduk 3 :”apa slendang kui penting banget kanggo
awakmu?”
Nawang wulan :”nggih bu,kula mboten saget wangsul menawi
slendangipun mboten ketemu.”
Penduduk 4 :”walah mesake temenan to nduk.”
Penduduk 3 :”lha kowe ki omahe ngendi?”
Penduduk 4 :”iyo,hudu wong kene to?aku ra tau weruh
sliramu.”
Nawang wulan :”nggih kula mboten saking mriki.”
Penduduk3 :”njur seko ndi,yen adoh mending bali
disik wis arep peteng sesuk goleki meneh yen padang.”
Penduduk 4 :”iyo nduk mengko yen kewengen malah ra
wani bali dalane peteng.”
Penduduk 3 :”ho.o sepeteng rupamu yo,Yu?”
Penduduk 4 :”hayo....heh kurang ajar we.”
Nawang wulan :”matur nuwun Bu ananging kula kedah
nemokake slendang niku riyen.”
Penduduk 4 :”wah yo dingapuro nduk aku ora iso
ngrewangi opo opo.”
Penduduk 3 :”betul,betul betul dingapuro iki meh
bali disik mugo mugo sukses yo.”
Penduduk 4 :”sukses le ngopo?”
Penduduk 3 :”olehe golekki slendang to yo.”
Nawang wulan :”nggih matur nuwun bu.”
Nawang wulan sejatine uwis kesel lan putus
asa golekki slendange.Nawang wulan banjur leren njagong.Ujug ujug ana wong tua
kang marani deweke.
Mbah
roto :”cah ayu,napa kok cahyamu
ketok susah.”
Nawang
wulan :”nggih mbah kula lagi madosi
slendang.”
Mbah
roto :”slendang opo sing kok golekki.”
Nawang
wulan :”slendang ijem mbah wau kula
lagi ing lepen slendangipun ical.”
Mbah
roto :”wah yen ning kali ya
paling slendangmu wis keli.”
Nawang
wulan :”sampun digolekki mboten wonten mbah.”
Mbah
roto :”yo yen keli yo berarti ra
ono to.”
Nawang
wulan :”trus kula kedah pripun mbah.”
Mbah
roto :”opo slendang kui kudu
ketemu cah ayu.”
Nawang
wulan :”nggih mbah,slendang niku
penting kagem kula.”(karo nangis)
Mbah roto :”kaya kaya awakmu hudu penduduk desa
kene cah ayu,aku ra tau weruh awakmu.”
Nawang
wulan :”nggih kula saking desa sak ngandhapipun
pucuk gunung.”
Mbah roto :”lha njur awakmu neng kene karo sopo
nduk?”
Nawang Wulan :”kulo kiyambakan mbah mboten wonten sedherek
sanesipun malih.”
Mbah roto :”njur awakmu rene ki ming arep goleki
slendang ngono po?”
Nawang wulan :”mboten mbah kula kaliyan sedulur sedulur
kula wau mriki wonten urusan,banjur slendang kula ical.”
Mbah roto :”lha njur sedulur mu ning ndi
saiki?opo ora do ngrewangi golek slendang mu iki yen pancen penting banget.”
Nawang wulan :”sampun,mbah ananging mboten ketemu.Sakniki
sampun pada wangsul malih.”
Mbah roto :”lha kok awakmu ora melu bali yen
sedulurmu pada bali.”
Nawang wulan :”kula mboten saget wangsul menawi slendang
kula mboten ketemu mbah.”
Mbah roto :”owalah sebab iku slendang kui
penting banget kanggo kowe.Yen wis ilang mungkin angel ketemu cah ayu.”
Nawang wulan : (tambah nangis)
Mbah roto :”walah nduk kok mesaake temenana
terus awakmu arep bali menyang ngndi saiki?”
Nawang Wulan :”mboten ngertos mbah kulo galau sakniki.”
Mbah roto :”sopo jenengmu nduk?”
Nawang wulan :”kula nawang wulan mbah.”
Mbah roto :”yowis nduk saiki awakmu melu aku
wae.”
Nawang Wulan :”nopo mboten ngrepoti simbah mangke?”
Mbah roto :”ora popo nduk aku malah seneng ana
kancane tur yo aku ki urip dewean malah rejekiku due anak ayune koyo ngene.”
Nawang wulan :”mangke menawi wonten ingkang tanglet
pripun mbah.”
Mbah roto :”yo mengko teko sauri yen awakmu
putune mbah roto.”
Nawang
wulan :”nggih mbah.”
Amarga ora kenal sopo sopo ing
bumi,nawang wulan gelem dijak bali ing omahe mbah roto. Saben dinane Nawang
Wulan ugo ngrewangi gaweane simbah. Ing panggonan liyo Ibune Joko tarub karo
wong tuane Rara Wuni lagi ngrembug babagan jejodohan antaranipun Rara Wuni kalro
Joko Tarub.
Adegan 6 Sawah
Mbok
randha :(kipas kipas leyeh leyeh)”wah
dino iki panas tenan.”
Mbok
siti :”Iyo mbok randha pancen
nangin lak wis arep mongso labuh”
Mbok
randha :”Mugo mugo panenan tahun
iki ora do gabuk.”
Pak
ranu :”aminnnn (bengok karo
marani mbok siti)
Mbok
siti
:”monggo unjukane diunjuk
pak.”
Pak
ranu :”wah iki sing ngeteri
sego rung teko?”
Mbok
randha :”ya sabar tho pak ranu,sedelot
meneh lak teko.”
Pak
ranu :”mbok randha kok anakmu
tekan saiki durung rabi rabi kenang opo?”
Mbok
siti :”iyo mbok po sampeyan ora
selak kepingin nggendong putu?”
Mbok
randha :”hayo piye wong sing digagas
we yo durung karep.”
Pak
ranu :”lha wis due calon
durung.”
Mbok
randha :”calon opo?bendinane
tani,dolan ro wong wedok we rung tau kok?”
Mbok
siti :”wah bahaya kui,mengko
dadi bujang lapuk.Selak ra enak.”
pak ranu :”ojo ko ngnono mbok,anake dewe we yo durung rabi to?”
pak ranu :”ojo ko ngnono mbok,anake dewe we yo durung rabi to?”
Mbok
siti :”oh iyo ding dewe ki due
anak yo.Wa nganti ra kelingan aku.”
Mbok
randha :”(plolor)la yo kui nek due
anak ming ge duen duen tok.”
Pak
ranu :”ndang dikon golek bojo
mbok wis cukup umur.”
Mbok
randha :”yo mengko nek wis karep lak
yo omong.La si roro wuni kepiye?”
Mbok
siti :”roro wuni ki ayu dadi ra
usah kuatir mengko sing arep nglamar okeh.”
Mbog
randha :”la kok ket saiki durung
rabi,lak yo ora bedo adoh to umure karo jaka tarub ki.”
Pak
ranu :”la yo sesuk nek wis
karep lak yo omong.”
Mbok
rondho :”asem melu melu.Mengko yen
kesuen selak dadi prawan tuo llho.”
Mbok
siti :”asem ki di bales.”
Pak
ranu :”mbok,piye nek jaka
tarub karo roro wuni wae.”
Mbok siti :”ho.o kui mengko dewe iso seduluran.Roro
wuni yo ayu jaka tarub yo bagus mengko anake unyu unyu kae.”
Pak ranu :”piye mbok rondho?”
Mbok siti :”wis teko iyo.”
Mbog rondha :”teko iyo teko iyo,mau ngunekke jaka tarub
bujang lapuk to.”
Mbog siti :”lha mau yo ngunekke roro wuni
prawan tuo.”
Pak ranu :”wis uwis malah,iki ki babagan
masa depane anake dewe.”
Mbok randha :”yo nek sing arep nglakoni gelem ra popo.”
Mbok siti :”lha kae anake rene jajal takoni
pak.”
Roro wuni moro nggowo rantang kang isine sego kanggo
dhahar bapak lan ibune.
Roro wuni :”pak,bu monggo didhahar riyen
sekulipun sampun siang.”
Pak ranu :”oh iyo nduk,matur nuwun.Rene tak
omongi sedelo.”
Roro wuni :”pripun pak?”(karo nyedaki bapak.e)
Pak ranu :”ngene lho nduk,awakmu kui lak yo
wis cukup umur kanggo omah omah nanging tekan seprene kok yo durung ana sing
kok kenalke ning aku.”
Roro wuni :”wong pancen dereng wonten kok
pak.”
Mbok siti :”lha kene ki selak kepingin
nggendong putu.”
Pak ranu :”Lha kowe ki pengen rabi ora?”
Roro wuni : (mesam mesem)
Pak ranu :”piye nek karo jaka tarub anake
mbog randha kuwi.”
Rara wuni :”Lha saene pripun,pak??”
Mbok siti :”lha kowe ki tak tawani malah kok
malah ganti takon. Sing arep rabi ki kowe apa aku?
Pak ranu :”hayo kuwi ki. Nek aku ditawani
wae aku wes manthu ket mau.”
Mbok siti :”arep njaluk tak pacul po pak”
Mbok rondha :”pendhem wae kuwi.”
Pak ranu :”bojoku galak tenan.”
Sawise pacelathon ing dhuwur, Mbok Randha
banjur bali arep ngomongke karo Jaka Tarub babgan jejodohan
Adegan 7 omahe
jaka tarub
Mbok
randha :”le,kakangmu nengndi?”
Jaka
tarif :”duka mbok,paling nggih ting alas ngapel kepo.”
Mbok
randha :”wah kowe ra guyon,aku meh
omong penting,jajal golekno kakangmu.”
Jaka
tarif :”sanjang penting punapa to
mbok?badhe dipun supitke malih nopo?”
Mbok
randha :”yo entek to gon kakangmu.”
jaka
tarif :”mboten kesusu ajeng
diagem kok mbok.”
Jaka
tarub :”heh aku krungu padakke.”
Jaka
tarif :”owalah ya sukur nek
kupingmmu wis ketemu.”
Jaka tarub : (metu seko kamar) aku ki ket mau ning
kamar teturon,ojo maen maen we.”
Mbok randha :”wis wis ojo padu wae.Kakang adhi dadi
siji rame tenan.”
Jaka tarub :”kono lungo,simbok meh omong penting
ro aku.Cah cilik ojo melu melu.”
Jaka tarif :”rasah dikon aku yo wis arep
lungo.Ngapel wong malem minggu,emang kowe jones.”
Jaka tarub :”opo wi jones,adhine joker?”
Jaka tarif :”jomblo ngenes.”
Jaka tarub :”asem we (mbalang sandal)
Mbok randha :”rene le tak omongi.”
Jaka tarub :”pripun mbok.Kayane kok awrat sanget.”
Mbok randha :”ki masalah masa depanmu le.”
Jaka tarub :”what happen with my future?enten nopo
to mbok”
Mbok randha :”kowe ki kapan le arep rabi.”
Jaka tarub :”nggih nggenjeng to mbok nek enten
prawan sing purun.”
Mbok randha :”ha kae anake pak ranu gelem.”
Jaka tarub :”nggih tak pikir riyen mbok.”
Mbok randha :”ojo kesuen olehe mu mikir,mengko selak ditembung
wong liyo.”
Jaka tarub :”nggih mbok,kula sakniki tak budhal
wonten alas riyen nggih.”
Mbok randha :”yoh,ngati ati yo le.”
Jaka tarub
banjur lungo menyang alas karo mikirake omongane simboke mau.Deweke yo bingung
nanging,jaka tarub wegah gawe kuciwo mbok randha nanging deweke ora seneng karo
roro wuni,anake pak ranu.Ing dalan jaka tarub kepetuk nawang wulan lagi nyapu
ning ngarep omahe tonggo desone.jaka tarub kesemsem banjur nyeraki paraga iku.
Adegan 8 latare
mbah roto
Jaka tarub :”duh nimas, sapa sjatine awakmu kok aku
ora tau weruhi ing daerah kene.”
Nawang wulan :”kula asalipun sanking panggenan
inkan tebih saking mriki. Wonten mriki kula tumut simbah rata”
Jaka tarub :”sapa jenengmu yayi?. Aku jaka tarub saka
deso sebelah anake mbok randha sing paling ganteng dewe nanging durung
payu-payu ”
Nawang wulan ;”lha sampean niku dipun sade napa
kok mboten payu-payu?”
Jaka tarub :”yo tak dol ning awak mu kuwi nek awakmu
gelem ngenyang”
Nawang wulan :”hihihihi kula nawang wulang
kangmas”
Jaka tarub :”guyumu spektakuler. Marai aku speechles.”
Nawang wulan :”kangmas saget mawon.kang mas badhe
ting pundi.”
Jaka tarub :”aku arep ning alas golek tresna kanggo
kowe”
Nawang wulan :”alah dereng napa-napa sampun
gombali. “
Jaka tarub :”lha njuk arep apa to?”
Nawang wulan :”ngih pun kangmas kula mlebet riyen. Kula
badhe ngrewangi simbah asah-asah riyin.”
Jaka tarub :”atiku aja diasahi ndak tresnaku ilang”
Nawang wulan :”inggih pun mengkeh tak kucek”
Nalika jaka
tarub lan nawang wulan lagi geguyonan rara wuni mlegakke seko kadhohan. Deweke
banjur rumangsa ra pantes kanggo jaka tarub. Deweke ngiro nek bocah wadon sing
lagi dijak guneman iku calon bojono jaka tarub.banjur jaka tarub ngundang rara
wuni.
Jaka tarub :”eh kosek-kosek aja melbu sek. Arep tak
kenalke karo kancaku. Rara wuni,come here (bengok).”
Rara wuni :”eh kangmas tarub. Pripun mas??”
Jaka tarub :”rene tak kenalke karo kancaku. Rara
wuni iki nawang wulan, nawang wulan iki rara wuni,nawang wulan rara wuni iki
jaka tarub”
Nawang wulan :”kangmas ki guyon mawon. sugeng sonten mbak
rara(salaman karo rara wuni).”
Rara wuni :”inggih
sugeng sonten mbak wulan. Mbak wulan niki sintene mbah rata?.”
Jaka tarub :”iki wayahe mbah rata.”
Rara wuni :”kula
dereng nate tepang kalian panjenenagan.”
Nawang wulan
:”kula nggih sek sepindah wonten mriki.”
Jaka tarub :”enake
nek duwe pacar 2 (ngrangkul rara wuni lan nawang wulan).”
Nawang wulan :”wes
to kangmas(ngeculke rangkulane). Yowes kang mas, kula mlebet riyen.Monggo pinarak rara wuni.”
Jaka tarub :”lha aku ra dikon melbu po?”
Rara wuni :”mboten usah,kula nggih badhe wangsul
sampun sonten.”
Jaka tarub :”lho njur aku ki ditinggal dewe po?jomblo
meneh ki.Bener adhiku yen aku
jones.”
Sak uwise ketemu nawang
wulan jaka tarub kerep mesem mesem dewe kesemsem karo nawang wulan.Deweke due
pikiran arep ngajak nawang wulan ketemu karo mbok rondho kareben kenal.
Bengine
rara wuni matur marang wong tuane yen deweke ora bisa nampa jejodohan karo jaka
tarub amarga deweke ngrumangsani yen jaka tarub wis due calon dewe.Rara wuni ora gelem ngrusak
sesambetan antaraning jaka tarub lan nawang wulan.
Adegan 9 omahe
pak ranu
Mbok
siti :”ngopo nduk kok malah
ngalamun ning kene.”
Roro wuni :”kula nembe mikir babagan jejodohan
inkang mau enjang dipunaturaken kalian bapak.”
Mbok siti :”yo nek aku ki ora arep kepiye
kepiye wong mengko sing arep nglakoni lak yo awakmu dewe.”
Roro wuni :”menawi kula mboten setuju
pripun,Bu?”
Mbok siti :”lha alesane nopo kok ora setuju.”
Roro wuni :”kula khawatir menawi sejatinipun
kangmas jaka tarub sampun gadhah calon estri,Bu?”
pak ranu :”lagi do ngomongke opo iki wong
loro kok aku ra diajak.”
Roro wuni :”babagan jejodohan ingkang bapak
aturaken marang kula wau pak.”
Pak ranu :”oh lha piye wis setuju awakmu.”
Roro wuni :”dingapunten pak kula malah mikir
ajeng mbatalaken jejodohanipun.”
Pak ranu :”lha ngopo to nduk?”
Roro wuni :”kula kuatir pak menawi sejatinipun
kangmas jak tarub sampun gadhah calon estri,Pak.”
Mbok siti :”ananging nduk mau ki mbok randha
omong yen jaka tarub ora duwe pacar.”
Pak ranu :”ho.o mau aku yo krungu olehe mbok
randha omong.”
Roro wuni :”kula wau semerep kangmas jaka
tarub kaliyan calon estrinipun saking deso sebelah,pak.”
Mbok siti :”mosok to nduk?”
Pak ranu :”mosok mbog randha PHP?”
Mbok siti :”sopo to?sopo?”
Roro wuni :”tiyang estrinipun asmane nawang
wulan wayahipun mbah roto.”
Pak ranu :”kok aku gek krungu yo nek mbah
roto due putu.”
Mbok siti :”iyo pak,lha anake we lak yo wis
ninggal disik to.”
Pak ranu :”po mbah roto asline due anak
tersembunyi.”
Mbok siti :”males nek wis berkhayal ko ngono
sok ra rasional.”
Pak ranu :”ya wis nek pancen ngnono.Arep
kepiye meneh.”
Mbok siti :”opo awakmu karo jaka tarif wae
nduk?”
Roro wuni :”rayinipun kangmas jaka tarub
ingkang radi sedeng niko ,Pak?”
Pak ranu :”kae ki ora sedeng ning rodo
kurang.”
Mbok siti :”po wis ditimbang po kok ngerti nek
kurang.”
Pak ranu :”yo analisaku kui lak ra tau
mlenceng to.”
(kabeh podo
ngguyu)
Sakuwise roro wuni ngandarake keputusane iku banjur wong tuane roro wuni
podo sarujuk.Mbok randha uga gage gage dikandani babagan kui.Esuke jaka tarub
sanjang karo mbok randha yen arep nembung nawang wulan dadi bojone.Jaka tarub
ngenalake nawang wulan marang mbok randha.
Adegan 10 omahe jaka tarub
Jaka
tarub :”mbok mbok”(karo melbu
omah)
Mbok
randha :”ana opo to enggane kok bengak
bengok.”
Jaka
tarub :”mbok aku arep ngenalake
calon bojo ku mbog.”
Mbok
randha :”he?tenanan iki”
Jaka
tarub :”yo tenan to mbog mosok yo
geguyonan.”
Mbok
randha :”ha ndi bocahe.”
Jaka
tarub :”rene nawang wulan,simbokku
meh ketemu.”
Nawang
wulan :”sugeng siang,mbok kula nawang
wulan.”
Mbok
randha :”owalah genduk ayu temenan
koyo widodari saka kahyangan.”
Nawang
wulan :”kula pancen widodari mbok.”
Mbok
randha :”haha iso iso wae nduk.”
Let sedelo jaka tarif teko
Jaka
tarub :”tarif rene tak omongi.”
Jaka
tarif :”arep ngopo”
Jaka
tarub :”tak kenalke calon bojoku.”
Jaka tarif :”alah
ntut.Ndi to tak weruh.”
Jaka
tarub :”yo rene ngeyel.”
Jaka
tarif : (NGOWOH) “bujubuneng,ayu
temenan,nemu nengdi mas.”
Mbok
randha :”huusss nek omong ki nemu
padake opo wae.”
Jaka
tarub :”ojo meri yo.Wong sabar ki
oleh welase gusti.”
Jaka
tarif :”ha ning iki lak sadar to
pas dijak rne ro kowe.”
Jaka
tarub :”ngece tenan to we.”
Nawang
wulan :”sugeng siang,niki mesti jaka
tarif rayinipun kangmas jaka tarub.”
Jaka
tarif :”ho oh ho oh (gagap karo
mantuk mantuk)
Jaka
tarub : (nonyo jaka tarif) “piye
mbok setuju ora.”
Mbok
randha :”wis ndang rabi wae.”
Nawang
wulan : (mesem mesem.)
Sak lebare oleh restu saka
mbok randha,wong kekaron saya cedhak.Cerak dina olehe arep rabi,nawang wulan ngomong
karo jaka tarub sopo sejatine deweke.Nawang wulan ora ngerti yen sing jupuk
slendange biyen kui jaka tarub.Semono uga jaka tarub durung ngerti yen nawang
wulan iki widodari sing due slendang ijo sing dijupuk deweke biyen.
Adegan 11 pinggir
kali
Nawang
wulan :”mas kula badhe matur kaliyan samapeyan.”
Jaka
tarub :”opo dek,babagan opo?”
Nawang
wulan :”kula badhe jujur sinten
sejatine kula lan saking pundi asalipun kula.”
Jaka
tarub :”maksudmu?Sliramu lak
putune mbah roto to.”
Nawang wulan :”nggih kula sanjang mekaten lan mbah roto
nggih sampun nganggep kula wayahipun.”
Joko
tarub :”la yo wis saiki opo meneh
sing durung cetho.”
Nawang wulan :”mas tarub ngertos menawi mbah roto menika
putranipun mpun mboten wonten,nopo mboten aneh yen kula teko teko diakokke
wayahipun mbah roto.”
Joko
tarub :”lha putrane mbah roto lak
le sedo lebar due anak to paling.”
Nawang
wulan :”mekaten mas,kula sejatinipun mboten
saking mayapada mriki.”
Jaka
tarub :”piye to aku malah
bingung.”
Nawang wulan :”mas joko janji ampun sanjang kaliyan
sinten sinten mangke babagan sing badhe kula aturaken.”
Joko
tarub :”iyo aku ora arep ember.”
Nawang wulan :”kula niki widodari saking kahyangan,ananging
amargi slendang kula ical,sakniki kula mboten saget wangsul malih menyang
kahyangan.”
DUUUEERRR Jaka tarub kaget,banjur kelingan karo slendang sing diumpetke
ning lumbung omahejaka tarub.Nanging
jaka tarub wedi olehe ngaku banjur meneng wae ora jujur marang nawang
wulan.Jaka tarub wedi yen nawang wulan mengko nesu.Pikire joko tarub arep omong
mengko wae yen nawang wulan wis dadi bojone.
Jaka tarub :”sopo kowe lan seko ngendi asalmu aku
ra perduli,sing penting aku tresno karo kowe.”
Nawang wulan :”kula nggih tresno kaliyan penjenengan mas”
Jaka tarub :”matur nuwun dik sampun jujur kaliyan
kula.”
Nawang wulan :”kula nggih matur nuwun sampun purun nampi
kula sak kahananipun kula.”
Joko tarub :”ora usah kuatir dik,aku ora bakal
ninggalake awakmu.”
Nawang wulan :”kula suwun mas joko ampun mblenjani janji
nggih.”
Akhire jaka tarub lan nawang wulan dadi
bebojoan. Kanugrahan anak 3 wedok kabeh sing jenenge nawang asih, nawang tirta,
nawang alindri. Uripe nawang wulan lan jaka tarup kabak welas asih. Sawijining
dino kekarone padha sungkawa amerga mbok radha nilar donya.
Adegan 12 omahe
jaka tarub
Nawang wulan :”sabar mas sabar....sedaya tiyang gesang
punika mboten mangertos kapan wekdhalipun manggih Gusti ingkang Maha Kuwasa.
Jaka tarub :”aku ra percoyo nek simbok bakal
ninggalke anake sing ganteng dewe.”
Jaka tarif :”mas mbok sing maton sithik to.
Simbok gek wae mungkur ninggalke awake dewe simas wis ndaggel.sing patut
ngomong ngono kuwi aku sing luwih ganteng ki aku”
Nawang wulan :”uwes-uwes.kahanan gek sungkawa koyo ngene kakang
adi iseh padha ndagel.”
Banjur anake sing no 3, nawang alindri sing
bar tangi turu marani ibune,disusul .Nalika iku nawang asih,nawang tirta,nawang
alindri isih pada cilik.Nawang alindri durung mudeng yen simbahe wis seda.”
Nawang alindri :”ibuk....ibuk simbah ting pundi??”
Nawang wulan :”simbah lagi ngaji,nduk”
Nawang tirta :”yeyeye berati arep entuk berkatan”
Nawang wulan :”huss ora pareng,saru “
Nawang tirta :”kok saru?kan ngagem klambi.
Nawang asih :”maksude ibu ki ora pareng tiyang ngaji
kok diarep arep oleh olehe.”
jaka tarif :”wah pinter ki ponakanku.”
Nawang asih :”nggih pinter wong pun sekolahkok .”
Nawang alindri :”nek kula njur sekolahipun kapan?”
Nawang tirta :”ya sesuk nek wis podo aku gek sekolah.”
Nawang alindri :”kok ora saiki wae ngopo to mbak?”
Nawang asih :”yo durung oleh wong isih gembeng kok.”
Jaka tarif :”hayo isih ngompol we.”
Nawang tirta :”hahaha,pak simbah kok mboten ngajak kula
nek ngaji.”
Nawang asih :”nggih biasanipun kan ngajak.i to.”
Jaka tarif :”ora dijak.i wong rewel mengko ndag
marai rame.”
Nawang tirta :”eh sing sok gawe rame ki nawang alindri
kae.”
Nawang alindri :”salahe aku sok dinakali neh.”
Jaka tarup :”nek simbah kesah mboten usah pada
nakal nggih.”
Nawang asih :”lha simbah ngaos wonten pundi?”
Nawang wulan :”simbah ngaos wonten griyane Gusti . saiki
putu-putune tugase ndongake simbah supaya seneng nin kono”
Nawang alindri :”gusti sinten,Pak?”
Jaka tarif :”gusti ingkang maha agung.”
Nawang alindri :”niku ting pundi?”
Nawang tirta :”halah takon takon wae.”
Nawang
alindri :”ya rapopo kok.Terus simbah
kundure kapan?”
Jaka
tarif :”wis lah yo bal-balan wae
yo”
Jaka
tarub :”angger kowe sing dadi
bale”
Jaka
tarif :”yo rapopo nek sing
dadigawange mbak nawang wulan”
Jaka
tarub :” antemi kuwi”
Nawang
asih :”mosok cah wedok dijak bal
balan.”
Nawang
tirta :”yo dolanan pasaran wae.Pak lik
tarif dadi sing tuku.”
Jaka
tarif :”waduh mosok aku kon
pasaran.”
Nawang wulan :”wes mending do ngaji wae dongake simbah.Ke
kon ngajari pak lik tarif.”
Nawang asih, nawang tirta, lan nawang alindri
pada ngji dikancani karo jaka tarif.Nawang wulan pamit karo jaka tarub arep
ngumbahi ning kali,lan pesen marangjoko
tarub ora oleh mbuka kukusan ning pawon.
Nawang
wulan :”mas kula tak ting lepen riyen
nggih badhe nggumbahi.”
jaka tarub :”yoh ngati ati.Arep tak kancani ora?”
nawang wulan :”mboten usah,kula titip sekk masak sekul.Tulung dijogo genine.”
jaka tarub :”yoh ngati ati.Arep tak kancani ora?”
nawang wulan :”mboten usah,kula titip sekk masak sekul.Tulung dijogo genine.”
Jaka
tarub :”yoh mengko tak tipasi.”
Nawang
wulan :”nanging ampun dibuka
kukusanipun menapa ke mawon ingkang dumadi.”
Jaka
tarub :”lha nopo to?”
Nawang
wulan :”nggih pokokke ampun dibuka yen
dibuka kula mangkih duka.”
Nawang wulan banjur menyat ning kali.Jaka tarub curiga karo pesene nawan
wulan mau banjur jaka tarub mbuka kukusane.Jaka tarub kaget amarga ning njero
kukusan ming ana beras sak wiji
Adegan 13 pawon
Jaka tarub :”bujubuneng,jebul ki bojoku sekti
tenan iso nyulap beras sak wiji dadi sego sak wakul.Mugakno beras ket biyen ra
tau entek malah soyo okeh wae.”
Jaka tarub banjur lungo niliki anake sing lagi ngaji.Nawang wulan bali
kaget niliki berase mau durung malih dadi sego.Nawang wulan ngerti yen pesene
mau dilanggar.
Nawang wulan :”mas joko.”
Joko tarub :”nopo dek?”
Nawang wulan :”mau mas joko mbuka kukusan to”(karo nesu)
Joko tarub :”ho oh mau aku niliki segone wis
mateng durung.”
Nawang wulan :”kan aku wis omong to ojo dibuka.”
Joko tarub :”aku njaluk ngapuro dik aku ora
nyongko.”
Nawang wulan :”sak iki ilang kesaktianku.Aku saiki opo
opo kudu susah,nek masak aku kudu numbuk gabah disik koyo wong liane.Mulai
saiki mas joko kudu nyepakke lesung gawe aku.”
Joko tarub :”dingapuro tenan dik aku ora ngerti
yen bakal koyo ngene iki dadine.”
Nawang wulan :”wis lah mas sego wis dadi bubur me piye meneh.”
Joko tarif :”segone dadi bubur po?,njur kau
mangane piye iki”
Nawang
wulan :”takon kangmas mu kui .”
Amarga nawang wulan masak koyo wong biasane,seimpenan beras ing lumbung
entek.Nawang wulan ora ngerti yen slendange sing biyen dicolong disimpen karo
joko tarub ning lumbung parine kui.Saben dino gabah ing lumbung kui dijupuk
dadi soyo suwe soyo entek banjur slendang kang diumpetke kui ketok.Ing
sawijining dino nawang wulan arep jupuk beras banjur weruh slendange mau.
Adegan 14 lumbung
pari
Nawang wulan :”wah kesel tenan,gaweyan kok ra rampung rampung.Bariki
isih nutu barang meneh.(mbuka lawang lumbung)Wah gabahe geri sitik tenan,iki
goro goro mas tarub buka kukusan biyen kae.(karo jupuk gabah)jajal nek ora kan
aku ora kelangan kasektenku.
Eh kui opo kok ijo ijo aku ra tau weruh.(narik slendang)
lho iki lak slendang ku biyen to,kok iso ning kene
Eh kui opo kok ijo ijo aku ra tau weruh.(narik slendang)
lho iki lak slendang ku biyen to,kok iso ning kene
Nawang wulan kaget tenan nemokake
slendange ning kono.Deweke kroso kuciwo marang bojone amarga ngroso diapusi.
Nawang wulan :”tegel temenan mas joko tarub ngapusi sak
suwene iki.aku kudu nemoni mas tarub.Iki wis wayahe aku bali menyang
kahyangan,ketemu karo para dewa lan sedulur sedulurku.Aku sejatine widodari
dadi panggonanku hudu ning kene.”
Nawang wulan marani joko tarub ning sawah kanggo njaluk
kajelasan babagan slendang iki
Adegan 15 sawah
Nawang wulan :”mas....mas joko”
Joko tarub :”nopo dik kok mlayu mlayu.Ono opo ning
omah.”
Nawang wulan :”iki opo maksude mas?”(karo nuduhke
slendang)
Joko tarub : (kaget) lho kok oleh slendang apik
temenan ki nggon sopo dik?”
Nawang wulan :”wis ora usah ngapusi aku meneh.Aku ki salh
opo to mas nganti sampeyan tegel koyo ngene ro aku.”
Joko tarub :”dik ngomong opo to kok koyo ngono
kui.”
Nawang wulan :”tegel tegele mas joko ngapusi aku,padahal
aku wis jujur opo anane ro sampeyan.Ngopo ket disik kok ora omong wae nek sing
jupuk slendang ku kui mas joko dewe.”
Jako tarub :”duh nawang wulan sing tak tresnani
aku njaluk ngapuro,disik aku wedi yen kelangan awakmu.”
Nawang wulan :”ning ora koyo ngene mas carane ki.Aku bener
bener kuciwo karo mas joko.”
Joko tarub :”tulung ngapurani aku dik,aku wegah
kelangan kowe.”
Nawang wulan :”telat mas,aku kudu bali menyang kahyangan
ketemu karo sedulur sedulurku.Aku wis ora iso urip ning kene meneh.”
Joko tarub :”terus kepiye karo anak anak.e dewe
dik.”
Nawang wulan :”kui kabeh dadi tanggung jawabmu to.Aku
titip tulung didik sing apik ben dadi
wong bener.”
Joko tarub :”kok kowe tegel ninggal aku ro anak
anak.e dewe dik.”
Nawang wulan :”kowe yo tegel ngapusi aku mas.Omah omah
tetahuan jebul aku diapusi koyo ngene.”
Joko tarub :”nanging dewe lak wis janji yen ora
arep ninggalake opo wae kahanane awakdewe to biyen pas ning kali kae.Opo kowe
lali dik?”
Nawang wulan :”aku ora lali,nanging koyone sliramu sing
lali mas yen sing janji ora arep ninggalke ki ya mung awakmu aku mung njaluk
sampeyan ora mblenjani janji.”
Joko tarub :”nanging aku lak wis iso nrimo awakmu
apa anane to dik sak lebare awakmu ngaku.”
Nawang wulan :”sing penting aku ra tau ngapusi
panjenengan,aku ra tau ngumpetake opo opo seko panjenengan mas.”
Joko tarub :”aku ngerti aku salah,ning lak yo
awakmu seneng to urip ro aku,dewe ki wis due anak dik.”
Nawang wulan :”nangin ora mergo diapusi ngene ki mas.Opo
panjenengan ora mbayangke aku ora biso ketemu karo sedulur sedulurku ing
kahyangan kono.Aku kudu lunga.”
Joko tarub :”mengko aku kudu omong opo karo nawang
asih,nawang tirto,nawang alindri.”
Nawang wulan :”sekarepmu.Nanging cah telu kae tetep dadi
anakku,yen suk ben kepengin ketemu aku gowo wae ning pinggir kali anggon mu weruh
aku sepisanan lan jupuk slendangku.Nanging syarate panjenengan ora pareng
muncul pas aku lagi ketemu anak anaku.Wis mas aku kudu lungo sak iki.”
Joko tarub :”nawang.........nawang
wulan..........ojo tinggalke aku..
(karo nangis ngoyak nawang wulan)
(karo nangis ngoyak nawang wulan)
Nawang
wulan banjur lungo ninggalake jaka tarub dewe karo anak anake.Nawang wulan bali
menyang kahyangan ketemu karo para sedulure lan para dewa sing ngasuh nawang
wulan biyen.Jaka tarub bali menyang omahe ketemu anak anak kang lagi podo
dolanan karo jaka tarif.Kabeh kedadean seko awal nganti lungane nawang wulan
dicritaake karo jaka tarif.Nganti anak anake dewasa jaka tarub ora tau ketemu
nawang wulan meneh.
RAMPUNG
Tidak ada komentar:
Posting Komentar